Lha wong aku gak dhuwe mobil rek, nyewo ae...digawe kampanye.
jare co-konco iku sing apik mobile dihias dhisek, biar lebih semarak dan menarik hati (wuih sampek... pake boso indonesina)...tak turuti rek demi....FBI. Loh seng ngrias mobile podo gak iso kuabeh, (pikirku ;wah...... gak nutut wektune iki padahal digawe nanti sore). Telpon sana-telpon sini njalok tulung ngrias mobil, eee..njelketheeeek ono sing iso. Tapi mobile kudu diterno ndek omahe (omahe ndhek Jarak..ojo rame-rame, engkok aku dipolitisir karo calon lainnya), waah langsung saja budhal klepat ae, lha co-konco iki podo njaluk melok kuabeh, alasane badhe nulungi teng mriko, ono seng nggowo lem..kertas warna...pita..oono seng nggowo graji (lha iki gaweeooopooo graji yo...hem...ono-ono ae!!).
Jiiampuuut..... aku diSTOP polisi, alasane polisi jare...kelebihan muatan lan melanggar aturan rambu lalu lintas karena berbelok pada jalur yg telah dilarang. Waah sangking kesusune aku yo gak thelok ono rambu koyok ngono.
Wes tak rembug damai...ae karo alasan lek kathene kampanye,...polisine ngotot gak gelem kompromi, bareng ditako'i surat-surat kendaraan, Jiiiiiaaampuuut maneh...... aku kok yo lali enggak nggowo dompet!!, padahal SIM karo STNK ndhek dompet kono, waduh!! cek sialle awak iki....mobil wes entuk nyewo dompet gak kegowo pisan.
Pungkasan carito....Mobile seng nyewo mau, saiki onok dhek polsek Benowo. Lha terus lek ditakoni karo sing dhuwe mobil, opo ngamuk yoo...seng dhuwe.
Sek rek... tak ngurusi mobille.
Wah.....gak iso kampanye iki rek.................
nuwuun...............................................