Pancasila kuwi dasaré negoro
Pancasila ono ing jaman Orde Baru (Jaman Anyar) kuwi mbiyèn dikarepké dadi arahané piyé wong siji sak sijine urip nang alam Indonesia. Nek saben irungé wong Indonesia kuwi wis ngerti Pancasila wis dianggep nèk Indonesia ki Pancasilais. Lha iki wis kabuktèn nèk keblinger, ora bener, buktiné, lha wong sing jenengé Penataran P4 (Pedoman Penghayatan dan Pengamalam Pancasila) wis kelakon lan dilakoni wong pirang-pirang nyatané, maling-maling koruptor kuwi tetep tur tambah akèh sak ndayak koplak. Nyatané kekayaan alamé Indonesia kuwi malah do diangkuti karo wong asing, metu seko negoro Indonesia. Rakyat Indonesia dadiné mung kon ngaplo waé.
Terus jan-jané Pancasila kuwi piyé? Pancasila, miturut rah-rahané kuwi lahir dadi dasaré negoro, dadi negoro piye kudu mlaku kuwi adedasar seko Pancasila. Lha trus wong siji lan sijine urip nganggo dedasar opo? Yo iso nganggo adedasar adaté, pakulinan setempat piyé. Nèk nang kéné nguyuh sak nggon-nggon kuwi ora élok, trus ono wong waton thuur nguyuh sak nggon-nggon yo ora usah diomongi wong kuwi ora Pancasialis, cukup diomongi wong kok ra ngerti adat. Nèk ono nom-nom-an rambuté di cét pirang koyo londo, yo ora usah diomongi ora Pancasialis, cukup diomongi kok saiki dadi anggota LKMD (londo kok mung ndasé). Nèk Pancasila ndadak ngurusi ngono-ngono kuwi, wong sing nguyuh sak nggon-nggon contoné, yo kemeng, dèngkèk-en.
Wong siji lan sijiné iso urip nganggo adedasar keyakinan lan kepercayaanné dhéwé-dhéwé. Dadi kabèh mau kuwi nang negara Pancasila dijamin, adat, agama, kepercayaan, opo sing élok ra élok nang kelompok masyarakat. Bhineka Tunggal Ika. Beda-beda ning tetep siji. La sing tetep siji kuwi diwadahi nang negoro Indonesia, sing mlakune negoro adedasar karo Pancasila.
Piyé Pancasila kuwi bèn bener-bener dadi dasaré negoro?
Negoro Indonesia kuwi negoro hukum artiné negoro sing mlakuné ngganggo alat sing jenengé hukum. Presiden sing dipilih rakyat kuwi sopir sing nglakoké bis sing jenengé negoro Indonesia, mlaku nang tujuan sing wis ditentoké ono ing Pembukaan UUD 1945. Nah, hukum kuwi mesiné bis, nèk ora ono mesin, ora ono hukum, peraturan, undang-undang, yo bis dadi mogok, ora mlaku, negoro ora tekan-tekan nang tujuané.
Anggota wakil rakyat sing lungguh nang Dewan Perwakilan Rakyat kuwi gaweané nggawé hukum, undang-undang sing ngko dipasangké dadi mesine bis. Ning yo ora mung kuwi, DPR yo duwé tugas ngawasi sopir bèn tetep mlaku ora mlèncèng karo tugasé lan nyetujoni anggaran tuku solar sing diajoké sopir.
Dadi jelasé, Pancasila dadi adedasar negoro kuwi artiné Pancasila dadi dasaré nggawé hukum, peraturan lan undang-undang. Mesiné bis kuwi digawé ora olèh nyimpang seko gambaré Pancasila.
Nèk DPR lan sopir / presiden (sopiré bis Indonesia yo iso ngajoké usulan undang-undang nang DPR lan bisa ugo nggawé peraturan-peraturan nggo laksanaké undang undang) nggawé hukum, peraturan lan undang-undang malah nggawé sengsoroné rakyat, kuwi artiné Pancasila wis dilalèkké, Pancasila sing dadi adedasar negoro wis dibuang nang got karo anggota DPR lan presiden sing dibantu karo pembantu-pembantuné, poro mentri.
Contoné, la kok ora ono udan ora ono panas ujug-ujug mak jleg supermarket Careefour dibangun nang Jl. Pemuda Semarang (lan ugo nang kutho-kutho liyané). Kuwi ngko kan biso njalari matiné pasar-pasar tradisional, toko-toko cilik sing dadi sumber uripé wong-wong cilik. Nang negoroné asalé, Perancis, supermarket koyo Careefour kuwi ora oleh nang tengah kutho, lha nang Indonesia kok iso, koyo omongané mas dosen, kok dadi liberal banget to Indonesia iki. Nah, isoné Careefour ngadeg mak jleg kuwi mergo yo soalé diolèhké lan diatur karo undang-undang, undang-undang kuwi jenengé UU Penanaman Modal Asing.
La kuwi kabèh, crito nang dhuwur kuwi kan ora sesuai Pancasila, wong Pancasila kuwi ndasari negoro bèn negoro kuwi makmurké rakyaté kanthi adil, dadi wong cilik ki yo kudu dilindungi. Modal dengkulé wong cilik kok kon lawan adep-adepan karo modalé londo Prancis sing mayuto-yuto dollar akehé. Piyé jal.
Lha sing khakè’ané sopo? Yo sing gawé undang-undang kuwi, DPR ro Presiden, loro-loroné.
Seko crito iki kabèh, jan-jané iki biso dinalar yèn Pancasila kuwi, pancèn Pancasila kuwi adedasare negoro Indonesia, ning nang tangané rakyat, Pancasila kuwi iso dadi jalarané rakyat nggo nolak undang-undang sing digawé karo DPR lan Presiden yen di roso undang-undang kuwi ora sesuai karo jiwané Pancasila.
Yen dirasak-rasaké undang-undang, peraturan-peraturan kok dadiné marahi urip kok tambah abot kanggo wong cilik, nanging marahi urip kok tambah pènak kanggo sing wis nyoto kepènak, lha iki kan ora adil, Pancasila ora ngono, yo dilawan, dilawan mergo negoro dimlakoké ro sopiré kanthi ugal-ugalan, mlèncèng seko Pancasila. Lha piyé soal wakilé rakyat nang DPR? Ora usah digagas, soalé wis kabuktèn undang-undang sing ora mikir nasibé wong cilik kuwi akhiré yo disetujoni ro DPR.
Dadi mergo kalah kuasa ro modal perlu dièling-èling nèk umpomoné rakyat biso mlaku bareng, kuwi iso dadi gaman sing nggegirisi tur , la iki sing nomer siji, ben ora gampang diapusi terus-terusan
soko : Lik-Wan, Koran Cilik Boso Jowo